Ngarep Sama Allah

Sunday, April 15, 2018

FALSAFAH RONGGO WARSITO

FALSAFAH RONGGO WARSITO 
(Dalam bahasa asli dan terjemahannya)
  
_Rejeki iku ora isΓ₯ ditiru_
*(REJEKI ITU TIDAK BISA DITIRU)*

_Senajan pΓ₯dΓ₯ lakumu_
*(WALAU JALANMU SAMA)*

_Senajan pΓ₯dΓ₯ dodolan mu_
*(WALAU JUALANMU SAMA)*

_Senajan pΓ₯dΓ₯ nyambut gawemu_
*(WALAU PEKERJAANMU SAMA)*

_Kasil sing ditΓ₯mpΓ₯ bakal bedΓ₯2_
*(HASIL YANG DITERIMA AKAN BERBEDA SATU SAMA LAIN)*


_IsΓ₯ bedΓ₯ nΓ¨ng akΓ¨hΓ© bΓ₯ndhΓ₯_
*(BISA LAIN DALAM BANYAKNYA HARTA)*

_IsΓ₯ ugΓ₯ Γ₯nΓ₯ nΓ¨ng RΓ₯sΓ₯ lan AyemΓ© ati, yaiku sing jenengΓ© bahagia_
*(BISA LAIN DALAM RASA BAHAGIA DAN KETENTERAMAN HATI)*

_KabΓ¨h iku sΓ₯kΓ₯ tresnanΓ© Gusti kang mΓ₯hΓ₯ kuwΓ₯sΓ₯_
*(SEMUA ITU ATAS KASIH DARI TUHAN YANG MAHA KUASA)*

_SΓ₯pΓ₯ temen bakal tinemu_
*(BARANG SIAPA BER-SUNGGUH2 AKAN MENEMUKAN)*

_SΓ₯pΓ₯ wani rekΓ₯sΓ₯ bakal nggayuh mulyΓ₯_
*(BARANG SIAPA BERANI BERSUSAH PAYAH AKAN MENEMUKAN KEMULIAAN)*

_Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi_
*(BUKAN BANYAKNYA, MELAINKAN BERKAHNYA YANG MENJADIKAN CUKUP DAN MENCUKUPI)*

_Wis ginaris nΓ¨ng takdirΓ© menungsΓ₯ yΓ¨n Γ₯pΓ₯ sing urip kuwi wis disangoni sΓ₯kΓ₯ sing kuwΓ₯sΓ₯_
*(SUDAH DIGARISKAN OLEH TAKDIR BAHWA SEMUA YANG HIDUP ITU SUDAH DIBERI BEKAL OLEH YANG MAHA KUASA)*

_Dalan urip lan panganΓ© wis cemepak cedhak kΓ₯yΓ₯ angin sing disedhot bendinanΓ©_
*(JALAN HIDUP DAN REJEKI SUDAH TERSEDIA, DEKAT, SEPERTI UDARA YANG KITA HIRUP SETIAP HARINYA)*

_Nanging kadhang menungsΓ₯ sulap mΓ₯tΓ₯ lan peteng atinΓ©, sing adoh sΓ₯kΓ₯ awakΓ© katon padhang cemlorot ngawΓ©-awΓ©, nanging sing cedhak nΓ¨ng ngarepΓ© lan dadi tanggung jawabΓ© disiΓ₯-siΓ₯ kΓ₯yΓ₯ orΓ₯ duwΓ© gunΓ₯_
*(TETAPI KADANG MANUSIA SILAU MATA DAN GELAP HATI, YANG JAUH KELIHATAN BERKILAU DAN MENARIK HATI.. TETAPI YANG DEKAT DIDEPANNYA DAN MENJADI TANGGUNG JAWABNYA DISIA-SIAKAN SEPERTI TAK ADA GUNA)*

_Rejeki iku wis cemepak sΓ₯kΓ₯ Gusti, ora bakal kurang ananΓ© kanggo nyukupi butuhΓ© menungsΓ₯ sΓ₯kΓ₯ lair tekanΓ© pati_
*(REJEKI ITU SUDAH DISEDIAKAN OLEH TUHAN, TIDAK BAKAL BERKURANG UNTUK MENCUKUPI KEBUTUHAN MANUSIA DARI LAHIR SAMPAI MATI)*
     
_Nanging yΓ¨n kanggo nuruti karep menungsΓ₯ sing ora Γ₯nΓ₯ watesΓ©, rasanΓ© kabΓ¨h cupet, nΓ¨ng pikiran ruwet, lan atinΓ© marahi bundhet_
*(TETAPI KALAU MENURUTI KEMAUAN MANUSIA YANG TIDAK ADA BATASNYA, SEMUA DIRASA KURANG MEMBUAT RUWET DI HATI DAN PIKIRAN)*

_WelingΓ© wong tuwΓ₯, Γ₯pΓ₯ sing Γ₯nΓ₯ dilakoni lan Γ₯pΓ₯ sing durung Γ₯nΓ₯ Γ₯jΓ₯ diarep-arep, semΓ¨lΓ¨hkΓ© lan yΓ¨n wis dadi duwΓ¨kmu bakal tinemu, yΓ¨n ora jatahmu, Γ₯pΓ₯ maneh kok ngrebut sΓ₯kΓ₯ wong liyΓ₯ nganggo cΓ₯rΓ₯ sing Γ₯lΓ₯, yΓ₯  waΓ©, iku bakal gawΓ© uripmu lΓ₯rΓ₯, rekΓ₯sΓ₯ lan angkΓ₯rΓ₯ murkΓ₯ sak jeroning kaluwargΓ₯, kabeh iku bakal sirnΓ₯ balik dadi sakmestinΓ©_
*(PETUAH ORANG TUA, JALANILAH APA YANG ADA DIDEPAN MATA DAN JANGAN TERLALU BERHARAP LEBIH UNTUK YANG BELUM ADA. KALAU MEMANG MILIKMU PASTI AKAN KETEMU, KALAU BUKAN JATAHMU, APALAGI SAMPAI MEREBUT MILIK ORANG MEMAKAI CΓ€RA TIDAK BAIK, ITU AKAN MEMBUAT HIDUPMU MERANA, SENGSARA DAN ANGKARA MURKA. SEMUA ITU AKAN SIRNA KEMBALI KE ASALNYA)*

_YΓ¨n umpΓ₯mΓ₯ ayem iku mung bisΓ₯ dituku karo akΓ¨hΓ© bΓ₯ndhΓ₯ dahnΓ₯ rekasanΓ© dadi wong sing ora duwΓ©_
*(KALAU SAJA KETENTERAMAN ITU BISA DIBELI DENGAN HΓ€RTA, ALANGKAH SENGSARANYA ORANG YANG TIDAK PUNYΓ€)*

_UntungΓ© ayem isΓ  diduwΓ¨ni sΓ₯pΓ₯ waΓ© sing gelem ngleremkΓ© atinΓ© ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahkΓ© uripΓ© marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI_
*(UNTUNGNYA, KETENTERAMAN BISA DIMILIKI OLEH SIAPA SAJA YANG TIDAK MENGAGUNGKAN KEDUNIAWIAN, SUKA MENOLONG ORANG LAIN DAN MENSYUKURI HIDUPNYA)*

0 comments:

Post a Comment

Month's Visit